Sawijining dina, nalika Sino arep tuku jajan ing tengah dalan Sino ketemu
konca ekstrakulikuler. Areke gedhe lan duwur naning duduk sumo. Biasa Sino sok
akrab koyok wartawan ketemu narasumber, amarga ing SMAN 1 PARE muride kon
nerapake 5S (senyum salam sapa sopan dan santun).
Sino : “pan awakmu arep menyang endi?”
Ipan : “kepo ae penggaweanmu No.”
Sino : “healah Pan Ipan awakmu saiki kok
nguaya toh.”
Ipan : “iyo lah aku og, saiki kan dadi wong
hits. La awakmu arep nyang endi No?”
Sino : “aku arep ning koperasi Pan.”
Ipan : “nyapo awakmu ning koperasi.”
Sino : “arek tuku jajanlah”
Ipan : “yowes yo No aku arep ning perpus
disek, wes gak enek seng arep mbok takokne toh?”
Sino : “hah? Awakmu arep ning perpus? Gak salah
tah Pan?. Dongaren awakmu ning perpus biasane lek jam kosong ning kantinne”
Ipan : “ora salahlah wong aku arep ning perpus
ngisis, ning kelas sumuk poll. Wes gak enek AC ne kipase 3 mati 1 nisan.”
Sino ngeroso Ipan ora nyaman
karo klambi seng digawe amerga ketmau bocahe ngukur-ngukur gegere lan
joget-joget dhewe.
Sino : “ pan awakmu kenek opo ketmau kok
joget-joget karo kukur-kukur gegermu?”
Ipan : “ aku ora kenek opo opo No, aku selak
pengen ngisis ae. Yowes yo aku disek.”
Sino :” ealh iyo pan.”
Sawise omong-omongan Ipan mlaku
ing ngarepe Sino. Sino nyawang ana barang sing rutuh ing lengen klambine ipan. Sino
marani ipan lan ngomongi ipan yen enek barang seng rutuh saka klambine. Nalika disawang
tibake sing ceblok iku cecek seng ketmau ana ing jero klambine Ipan.