Sinau bebarengan
Tania murid kelas 11 IPS 5
ning SMAN 4 Bandang. Tania duwe bulu mripat sing lenting, rambute dawa lan duwe
lesung pipi 2. Tania asale Kalimantan putrine bapak Ridwan lan ibu Ratna, wiwit
cilik Tania urip ning Bandung melu simbahe yaiku mbah Narsi. Senajan arep ujian semester, Tania kudu luweh
sregep sinau supaya entok biji sing apik. Ujian kurang rong minggu engkas,
kabeh tugas sing diwenehi gurune kudu wes dikumpulne akhir-akhir iki, yen ora
ngumpulne bijine bakal elek. Bocah-bocah sakkelas padha gupuh ngarap tugase
dhewe-dhewe sakdurunge UKK. Sedurunge UKK sekolahan libur rong dina, supaya
luweh kapenak bocah-bocah sinau bareng
ning omahe Dewi. Dina sabtu jam 09.00 Tania, Sofia, Gilang, Rere, budhal
bebarengan menyang omahe Dewi. sawise limalas menit, bocah-bocah teko omahe
Dewi. supaya luweh cepet mari Tania langsung mbuka laptope. Materi sing
digoleki ora kabeh enek ning internet amargo kuwi Sofia, Galang lan Rere
nganalisis dhewe wangsulane.
Pandom jam ing angka 11.00, senajan wes awan lan tugas biologi wes mari
bocah-bocah ngajak mulih. Sedurunge muleh bocah-bocah mbenjeng ngajak kelompokan maneh ganti ngarap
tugas basa jawa.
***
Dina minggu, dina pungkasan preian sekolah.
Sedurunge budhal kelompokan Gilang lan Tania golek bahan digawe tugas prakarya waktu masuk sekolah. Dina iki
Rere lan Sofia ora melu sinau bareng, amarga awake Rere loro senajan Sofia ora
melu sinau bareng amargo ora enek barengane budhal. Sinau basa jawa dina iki
cuma bocah telu wae, Dewi wes nyiapne laptop digawe garap PPT, senajan catetan
tugas basa jawa ing bukune Rere bocah-bocah garap tugase sak ilinge. Materi
basa jawa seng arep digawe presentasi yaiku tingkepan, Dewi lan Tania garap PPTne senajan Gilang golek
video tingkepan. jam 17.00, bocah-bocah padha bingung amargo tugase durong mari
tapi Tania diutus wangsul ibue amargo wes sore.
***
Dina senin, pelajaran
kapisan di wiwiti. pelajaran kapisan yaiku bahasa jawa. Kabeh bocah-bocah sakkelas
padha bingung karo tugas PPT. Sadurunge guru bahasa jawa melbu kelas Ridho
ketua kelas XI IPS 5 ngomong ning bu Hajar supaya tugase ora di presentasine
lan dikumpulne dina iki amerga akeh seng durong mari. Sakwise sepuluh menit, bu
Hajar melbu kelas bareng karo Ridho.
Bu Hajar :”Assalamualaikum.”
Bocah sakkelas:”waalaikum
salam”
Bu Hajar :”sugeng injing”
Bocah sakkelas
:”injing”
Ardi :”bu ppt dereng mantun”
Bu hajar :”iyo,lunguh ndisek
Tugase ppt dipresentasine minggu ngarep lan
dikumpulne terakhir tangal 15 sak durunge UKK, yen enek seng durong mari
ditinggal wae. sak iki wayahe bab basa rinenggo, seng nduwe lptop dibuka
file,e”
Kabeh padha bukak leptop
dewe-dewe. Senajan luweh gampang, bu Hajar mbuka file neng laptop didekek LCD
supaya bisa di delok bocah sakelas langsung. Bu Hajar nerangne saitik tentang
basa rinengga lan artine. sakwise iku bu Hajar ngongkon mangsuli maknane
bahasa rinengga neng laptop supaya luweh ngerti lan paham, seng gelem mangsuli
bakalan entok biji tambahan.
***