Kamis, 11 Agustus 2016



Sinau bebarengan

Tania murid kelas 11 IPS 5 ning SMAN 4 Bandang. Tania duwe bulu mripat sing lenting, rambute dawa lan duwe lesung pipi 2. Tania asale Kalimantan putrine bapak Ridwan lan ibu Ratna, wiwit cilik Tania urip ning Bandung melu simbahe yaiku mbah Narsi.  Senajan arep ujian semester, Tania kudu luweh sregep sinau supaya entok biji sing apik. Ujian kurang rong minggu engkas, kabeh tugas sing diwenehi gurune kudu wes dikumpulne akhir-akhir iki, yen ora ngumpulne bijine bakal elek. Bocah-bocah sakkelas padha gupuh ngarap tugase dhewe-dhewe sakdurunge UKK. Sedurunge UKK sekolahan libur rong dina, supaya luweh kapenak  bocah-bocah sinau bareng ning omahe Dewi. Dina sabtu jam 09.00 Tania, Sofia, Gilang, Rere, budhal bebarengan menyang omahe Dewi. sawise limalas menit, bocah-bocah teko omahe Dewi. supaya luweh cepet mari Tania langsung mbuka laptope. Materi sing digoleki ora kabeh enek ning internet amargo kuwi Sofia, Galang lan Rere nganalisis dhewe wangsulane. Pandom jam ing angka 11.00, senajan wes awan lan tugas biologi wes mari bocah-bocah ngajak mulih. Sedurunge muleh bocah-bocah mbenjeng ngajak kelompokan maneh ganti ngarap tugas basa jawa.
***

Dina minggu, dina pungkasan preian sekolah. Sedurunge budhal kelompokan Gilang lan Tania golek bahan digawe tugas prakarya waktu masuk sekolah. Dina iki Rere lan Sofia ora melu sinau bareng, amarga awake Rere loro senajan Sofia ora melu sinau bareng amargo ora enek barengane budhal. Sinau basa jawa dina iki cuma bocah telu wae, Dewi wes nyiapne laptop digawe garap PPT, senajan catetan tugas basa jawa ing bukune Rere bocah-bocah garap tugase sak ilinge. Materi basa jawa seng arep digawe presentasi yaiku tingkepan, Dewi  lan Tania garap PPTne senajan Gilang golek video tingkepan. jam 17.00, bocah-bocah padha bingung amargo tugase durong mari tapi Tania diutus wangsul ibue amargo wes sore.
***

Dina senin, pelajaran kapisan di wiwiti. pelajaran kapisan yaiku bahasa jawa. Kabeh bocah-bocah sakkelas padha bingung karo tugas PPT. Sadurunge guru bahasa jawa melbu kelas Ridho ketua kelas XI IPS 5 ngomong ning bu Hajar supaya tugase ora di presentasine lan dikumpulne dina iki amerga akeh seng durong mari. Sakwise sepuluh menit, bu Hajar melbu kelas bareng karo Ridho.
Bu Hajar            :”Assalamualaikum.”
Bocah sakkelas:”waalaikum salam”
Bu Hajar            :”sugeng injing”
Bocah sakkelas :”injing” 
Ardi                   :”bu ppt dereng mantun”
Bu hajar             :”iyo,lunguh ndisek
 Tugase ppt dipresentasine minggu ngarep lan dikumpulne terakhir tangal 15 sak durunge UKK, yen enek seng durong mari ditinggal wae. sak iki wayahe bab basa rinenggo, seng nduwe lptop dibuka file,e”

Kabeh padha bukak leptop dewe-dewe. Senajan luweh gampang, bu Hajar mbuka file neng laptop didekek LCD supaya bisa di delok bocah sakelas langsung. Bu Hajar nerangne saitik tentang basa rinengga lan artine. sakwise iku bu Hajar ngongkon mangsuli maknane bahasa rinengga neng laptop supaya luweh ngerti lan paham, seng gelem  mangsuli bakalan entok biji tambahan.
***

Tidak ada komentar:

Posting Komentar